Sesakit Flu Babi Ingkang Asalipun Saking Negari Meksiko, Wekdal Menika Sampun Mlebet Ing Laladan Ngayogyakarta. Salah Setunggaling Griya Sakit Ingkang Ngrimat Inggih Menika Griya Sakit Sardjito.
Panandhang sesakit flu babi ingkang wekdal menika dipun rimat ing griya sakit sarjito cacahipun wonten tiyang nem. panandhang sesakit ingkang dipun cubtiyani katerak flu babi kasebat mujudaken siswa tilas program pertukaran pelajar ing california amerika serikat. Siswa-siswa kasebat wekdal menika tasih dipun rumat ing sentong ingkang mirunggan utawi isolasi kartina griya sakit Sardjito.
Saking cacahing panandhang sesakit menika, setunggal ing antawisipun paramedis ingkang ngrimat panandhang sesakit flu babi menika. Nalika siswa menika wangsul dhateng Indonesia lumantar bandara Sukarno Hatta surya kaping pitu wulan Juli kepengker, virus h-setunggal n-setunggal dereng saget dipun prangguli lan dereng wonten tandha-tandha benter badanipun. Pangarsa tim satgas penanggulangan flu burung dan flu babi r-s-u-p Sardjito dokter Sumardi mratela-aken, kawontenaning pasien ingkang dipun cubriyani katerak flu babi menika benteripun sampun sirep.
Sinaosa mekaten, panandhang sesakit menika tasih tetep dipun rimat ing sentong isolasi dumugi saras lan uwal saking virus menika. Pasien kasebat mangkenipun badhe dipun titi priksa rah-ipun kangge meste-aken leres flu babi menapa boten. Dipun kuwatos-aken virus menika sampun sumebar amargi siswa menika nalika dhateng Ngayogyakarta gina-aken tetumpakan umum inggih menika montor mabur lan sepur.
Kangge ngawekani sumebaring flu babi menika, kulowarganipun pasien ugi dipun karantina ing griya sakit Sardjito kawan welas dinten danguniupun
|